📱Ajining Wektu Aja Nganti Kasia-sia📱

20 May 2026 14:33   |    mazt370

📱Ajining Wektu Aja Nganti Kasia-sia📱


Ing jaman digital kaya saiki, HP wis dadi bagean saka urip saben dina. Wiwit esuk tangi nganti bengi arep turu, akeh wong sing kesandhung donya maya tanpa krasa wektu terus mlaku.

Kadhangkala awake dhewe kakehan nyawang layar, nganti lali yen urip nyata luwih wigati. Guyu mung liwat komentar lan emoji, nanging saya adoh karo kulawarga, kanca, lan lingkungan sekitar.

Wektu iku peparing sing ora bisa dibalekake maneh. Saben detik sing wis kliwat ora bakal bisa diulang. Mula saka kuwi, ayo padha migunakaké teknologi kanthi wicaksana. Donya maya prayoga dienggo sinau, nuduhake kabecikan, lan nyambung paseduluran, dudu malah nggawe lali marang urip nyata.

Ayo sinau ngurmati wektu:
🌿 Ngurangi nggunakaké HP sing kakehan
🌿 Luangna wektu kanggo kulawarga
🌿 Nikmati kaendahan urip nyata
🌿 Gunakna media sosial sakperlune
🌿 Isinen wektu nganggo kegiatan sing migunani

Sebab urip nyata luwih endah tinimbang mung kesandhung donya maya.

“Selehna HP sedhela, delengen sakupenge… bisa wae ana kabungahan prasaja sing suwene iki ora kok gatekake.”

⏳ Wektu ora bakal bali maneh.